Kanti barokah Allah kang moho welas tur moho
asih aku ngaturake sembah puji marang Allah kang mengerani wong alam
kabeh.Pungkasan bagus iku khusus kanggo wong-wong kang wedi Allah,siksone Allah
iku khusus kanggo wong-wong kang podo nganingoyo awake.Mugo-mugo rohmat lan
salam saking Allah kaparingake bagus-baguse makhluke Allah yo iku Nabi Muhammad
SAW lan kabeh kaluwargane Nabi Muhammad.Sakwuse opo kang kasebut,kawulo kang
tansah duso asmo Muhammad Bin Abi Bakar Rohmatullahi alaihi sakwuse selurup ono
ing lautan duso,nyuwun Ridhone Allah kang sifat Rohman,numerih bisoho nulayani
saitan lan selamet saking neroko lan melebu suargo.Nafsune Muhammad Bin Abi
Bakar iki ora gelem ngambah dalane aman saking siksane Allah.Mungbae dewekne
nemu hadise Nabi Muhammad SAW kang kagunga macem-macem mukjizat,Panjenegane
dawuh : sopo-sopo kang ngumpulake 40 hadist,wong iku di maafake lan dingapuro
dening Allah.Nuli kawulo iku ngumpulake 40 Hadist kanthi isnat-isnat kag tetemu
hinggo Nabi Muhammad SAW kang diriwayatake saking poro guru-guru kang terpilih
lan poro imam kang gede-gede,lan siji-sijine ngeriwayatake saking saweneh
sohabat kang bagus-bagus.
Ono ing kitab iki kawulo nembahi macem-macem
mauidoh,cerito-cerito kang dirungu saking poro ulama’ kang kasebut ono ing
hadist-hadist lan asor-asor,kanti pengarep-arep mugo-mugo biso aman selamet
saking bendune Allah kang ngeratoni jagat tur kang biso meksaake opo kang dadi
kersane,lan biso tetemu op kang dadi pengarep-arepe ono ing akhirot saking
Allah kang sifat Hakim,kang sifat sattar sebab barokahe opo kang dikumpulake
iki yoiku hadist-hadist saking Rasulullah SAW,kawulo iki nyuwun du’a e wong
kang ningali lan wong kang podo paring pitutur saking kitab iki.Mugo-mugo Allah
paring rohmat maring wong kang nyebut-nyebut awulo iki kanti du’a e lan ora
lali amin.
- HADIST KANG AWAL
Diceritaake saking Abdillah Bin Umar
Rodiallahuanhuma panjenengane dawuh : wong-wong kang podo welas iku diwelasi
deneng Allah kang sifat Rohman.Siro kabeh supoyo podo welas wong kang ono ing
bumi iki,siro kabeh bakal diwelasi wong-wong kang ono ing langit.Tekaake hadist
iki sakteruse.Gandeng karo cocoke hadist iki ono cerito saking sayidina Umar
Rodiallahuanhu.Panjenegane iku melaku ono ing dalan kampunge madinah nuli weruh
bocah kang tangane nyekel manuk gelatik dienggo dolanan.Umar welas marang manuk
iku ,nuli manuk iku dituku deneng Umar nuli di bebasake.Bareng Umar kapundut
wong-wong akeh podo ngipi weruh Umar,nuli podo takon keperiye kahanane
Umar.Wong-wong iku podo takon opo kang di tindaake deneng Allah marang
sampean,Umar Mangsuli : Allah ngapuro ingsun,Allah paring ma’af marang
ingsun.wong-wong podo takon : sebab opo?opo sebab lumo sampean?opo sebab adil
sampean?opo sebab zuhud sampean?
Umar dawuh : naliko sampean kabeh
ndeleh aku ono ing kubur lan nutupi aku kanti lemah lan sampean podo ninggalake
aku dewe’an,ono malaikat 2 kang medeni banget teko marang aku.Akalku ilang,balung-balungku
nderedeg kerono hebate malaikat 2 iku.Malaikat iki nyekel aku nuli aku
dilungguhake arep nakoni aku,nuli aku ngerungu suorone Hatif : iku kawulo
ingsun supoyo siro tinggalake lan ojo siro wede’ake,kerono ingsun iku welas
marang dewe’ne lan aku ngapuro kawulo iki kerono dew’ne welas manuk gelatik ing
dunyo,dadi aku melasi dew’ne ono ing akhirote (Hikayat) ono siji wong kang
takon ibadah ono ing kalangane wong bani
isroil,Abid iki ngeliwatisaktumpuk wedi pasir ,wektu iku wong bani isroil nuju
ngadepi paceklik pangan,nuli abid ngarep-ngarep ono ing atine : pasir iki
upamane biso maleh tepung,aku temtu warekake wetenge wong bani isroil,nuliAllah
ta’ala paring wahyu marang siji Nabi setengah saking Nabine wong bani
isroil,Hai Nabi! Siro ngucapo marang fulan yen Allah ta’ala wus netepake
ganjaran kanggo siro lemah kang punopone dadi tepung nuli siro sodakohake.
Dadi sopo wong kang welas marang kawulone
Allah,Allah temtuwelas marang wong iku.Kawuo iku deneng welas marang kawulone
Allah kanti ucapan : laukana hadza dakikon la’aysbaan nas.Nuli biso oleh
ganjaran koyo yen dew’ne ngelakoni sodakoh.



Tidak ada komentar:
Posting Komentar