Jumat, 17 Januari 2014

Hadist Kapindo

Saking Ibnu Mas’ud RadiAllahu Anhu panjenengane dawuh : Rasulullah SAW dawuh : wong fajir kang arep-arep Rahmate Allah iku luweh parek marang Rahmate Allah katimbang wong kang tekun ibadah kang luwas saking Rahmate Allah. Diriwayatake saking Umar RadiAllahu Anhu : ono wong lanang saking umat-umat kang wus kaliwat,kang mempeng olehe ibadah lan ngabot-ngabotake awak e lan ngeluasake wong lio saking Rahmate Allah nuli mati.Wong iku matur : duh pengeran kulo! Punopo ganjaran kulo wonten ing ngerso Panjenengan? Allah ta’ala dawuh : Neroko.Wong iku matur : lajeng pundi ganjaranipun ibadah kulo lan ijtihad kulo? Allah dawuh : sirotansah gawe luwase wong lio saking rahmat ingsun ing dunyo,dadi sa’iki Ingsun gawe luwas awak niro saking rahmat ingsun. Diceritaake sakingAbi Hurairoh RadiAllahu anhu saking Nabi Muhammad SAW panjenengane dawuh : ono wong kang ora tau amal opo-opo kajobo tauhid barang katekanan pati,ngucap marang ahline : yen aku mati supoyo siro obong geni hinggo dadi awu nuli awu iku siro uwur-uwurake ono ing segoro ono dino kang akeh angine,nuli kaluwargane podo nindaake wasiate,dumada’an wong iku ono ing genggamane Allah.Allah ta’ala dawuh : opo sebabe siro ngelakoni kang mengkunu? Wong iku matur : kulo ajrih dateng Panjenengan,nuli Allah ngapuro dusane wong iku sedang wong iku ora ngelakoni opo-opo kajobo Tauhid. Semono ugo cerito buri iki,ono wong lanang mati ono ing zamane Nabi Musa Alaihisalam,wong-wong podo senggit arep ngedusi lan mendem perkoro fasike,nuli diseret di deleh ono ing panggonan peluruan.Nuli Allah ta’ala paring wahyu marang Nabi Musa Alaihisalam,Allah dawuh : Hai Musa! Ono wong mati ono ing kampunge fulan ono ing peluruan,wong iku siji kekasih Ingsun,masarakat ora gelem ngedusi,ora gelem ngulesi,ora gelem mendem,siro budalo ing kunu.Nuli adusono,ulesono,sholatono lan di pendem.Nuli Musa teko ing ono ing panggonane mayit iku,Musa takon marang penduduk deso iku opo ono mayit? Penduduk deso iku mangsuli : hiyo.Ono wong mati kang sifate mengkene-mengkene.Wong iku wong fasik,ngetinggalake fasike.Musa takon : ono ing endi panggonane? Kerono Allah ta’ala paring wahyu marang aku kerono wong iku. Musa dawuh : siro kabeh supoyo nuduhake panggonane wong iku,nuli podo budal.Barang Musa weruh mayit gumeletak ono ing peluruanlan diceritani elek e penggaweane,Nabi Musa nuli matur maran Pengerane,ya Allah! Panjenengan perintah supados kulo mendem mayit puniko lan nyalati,sedang kaumipun tiyang puniko sami nekseni awonipun tiang puniko.Panjenengan temtu langkung pirso katimbang tiang-tiang puniko wonten ing perkawis sae lan awonipun.Nuli Allah ta’ala paring wahu marang nabi Musa.Hai Musa ! wus bener kaume wong iku kang nyeritaake eleke kelakuane,nanging wong iku naliko matine gawe safaat marang ingsun kanti telung perkoro kang upamane sekabehe wong kang duso gawe syafaat marang telu iku,temtu Ingsun paring.kepriye kok Ingsun ora melasi wong iku,wong iku nyuwun selamete awake,sedang Ingsun iku Pengeran kang paring welas marang kawulo.Musa matur : duh Pengeran kulo,punopo tigo perkawis meniko?barang wus parek mangsane wafat,wong iku matur : duh Pengeran kulo,Panjenegan pirso bileh kulo puniko ngelampahi macem-macem maksiat lankulo niki boten remen maksiat,nanging wonten ing awak kulo niki wonten tingkah perkawis hinggo kulo ngelampahi maksiat senajan kulo mboten remen maksiat,inggih meniko hawa nafsu,konco ingkang awon lampahipun lan iblis.Tigo niki ing kang njegurake awak kulo wonten ing maksiat.Panjenengan temtu pirso punopo ingkang kulo aturake,mugi ngapuntenake dateng kulo. Ingkang kaping pindo wong iku matur : duh Pengeran kulo.Panjenengan piro bilih klo puniko ngelampahi maksiat,lan gesang kulo niki sareng-sareng kalian tiang-tiang ingkang fasik,nanging kulo niki remen kancanan tiang ingkang sholih,kulo remen zuhudipun tiang-tiang sholih,lelenggahan kalian tiang-tang sholih puniko langkung kulo remeni katimbang kempal kalian tiang –tiang fasik. Kang kaping telu wong iku matur : duh Pengeran kulo! Panjenengan pirso menawi kulo niki langkung remen tiang sholih katibang tiang fasik hinggo upami kulo niki ngadepi tiang sholih lan tiang tolih (ahli maksiat),kulo temtu ngerumiyenake hajatipun tiang sholih ngawunake tiang tolih. Ono ing riwayate Wahab bin munabih,mengkene dawuhe : wong mau matur : duh Pengeran kulo ! upami panjenengan ngapunten dateng kulo,sedoyo kekasih Panjenengan lan Nabi-Nabi Panjenengan temtu sami bingah,lan syetan-syetan mengsah kulo lan mengsah Panjenegan temtu susah,menawi Panjenengan nyikso kulo sebab duso kulo,syetan-syetan lan pembantunipun temtu sami bingah lan poro kekasih Panjenegan lan Nabi-Nabi Panjenengan temtu susah.Lan kulo yakin bilih bingahipun poro kekasih Panjenegan puniko langkung Panjenegan remeni katimbang bingahipun syetan lan pembantunipun.Saking puniko Panjenegan kerso o ngapunten duso kulo. Duh Allah Panjenegan pirso punopo ingkang kulo aturake,mugi melasi dateng kulo lan ngapunten dateng kulo.Allah ta’ala dawuh : nuli Ingsun melasi kawulo iku lan Ingsun ngapuro dusone.Kerono Ingsun iku Pengeran kang banget welase lan asih marang kawulo.Luwih-luwih wong kang ngakoni dusone ono ing ngerso Ingsun.,wong iki ngakoni dusone dadi Ingsun ngapuro dusone. Hai Musa! Siro tinda’ake opo kang Ingsun perintahake marang siro,kerono Ingsung paring pangapuro marang wong kang sholat janazahe lan nekani.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar