Rabu, 22 Januari 2014

Hadist Kanping Telu



                Dicerita’ake saking Anas Bin Malik RadiAllahuanhu,Panjenengane dawuh : Rasulullah SAW dawuh : Allah iku mirsani marang rahine wong tuo isuk lan sore,lan dawuh : hai kawulo Ingsun ! wus tuo umur niro,kulit niro wus tipis,balung niro wus cilik,lan wus pareg ajal ajal niro,lan wus pareg mangsane madep niro marang Ingsun.Siro bisoho isin marang ingsun,Ingsun bakal segan nyikso siro ono ing neroko,kerono rambut uwan niro.
                Dencerita’ake : Sayidina Ali KaromAllahu wajha iku budal jama’ah sholat subuk kanti rerikatan,nuli ing dalanan ketemu wong tuwo melaku ing ngarepe kanti anteng lan ngereng ono ing olehe melaku ing dalan iku,sayidina Ali KaromAllahu anhu ora kerso liwat kerono ngagungake wong tuwo iku hinggo pareg mangsane metune serngenge,barang wong tuwo mau wus pareg marang lawange masjid ora melebu masjid.Dadi sayidina Ali pirso yen wong iku setengah saking wong keristen,nuli Ali melebu masjid,lan ing masjid Ali pirso Rasullulah isih ono ing sak jerone rukuk.Rasullulah ndawakne rukuk e kiro-kiro sak suwene rukuk 2 hinggo Ali menangi Rasullulah ono in sakjerone rukuk.Barang Rasullulah rampung saking sholat,Ali matur : ya Rasulullah ! keranten punopo Panjenengan kok manjangake rukuk wonten ing sholat puniko ingkang Panjenengan botennate manjangake rukuk ingkang kados mekaten? Rasulullah dawuh : naliko Ingsun rukuk lan aku ngucap “Subhana robbiyal akdimi” koyo pengadatane lan aku arep tangi ngangkat sirah Ingsun,Jibril teko lan ndeleh suwiwine ono ing geger Ingsun lan nyekeli Ingsun nganti sui,barang Jibril ngangkat suwiwine Aku ngangkat sirah Ingsun.Poro sohabat podo matur : punopo sebabipun Jibril tumindak kados ingkang mekaten? Rasullulah dawuh : Ingsun ora takon Jibril perkoro iku.Nuli Jibril teko lan dawuh : hai Muhammad ! Ali iku arep rerikatan budal jama’ah sholat nuli tetemu wong tuwo ing dalanan lan dewe’ne ora ngerti yen wong tuwo iku wong nasrani.Lan Ali mulya’ake wong tuwo iku kerono tuwone lan amal-amal baguse kang wus dilakuni lan ngerekso hak e wong tuwo iku.Nuli Ingsun di perintah Allah ta’ala supoyo Ingsun nyekeli Sampean ono ing rukuk  supoyo Ali biso menangi sholat subuh jama’ah.Kang mengkene iki ora nggawo’ake,perkoro kang paling nggawo’ake iku Allah ta’ala perintah malaikat Mikail supoyo nyekel serngenge kanti suwiwie supoyo serngenge ora metu kerono arah Ali RadiAllahuanhu.Lan Nabi dawuh : derajad kang mengkene iki sebab mulya’ake wong tuwo kang wus rusak awa’e,ing mongko wong tuwo iku wong nasrani
                Cerito liyo : naliko gurune syehAbu Mansur Almaturidi wafat kang naliko iku umure wus 80 taun.Gurune iku perintah Abu Mansur supoyo golek budak kang umure podo karo dewe’ne.Yen wus oleh supoyo di tuku lan di merdeka’ake atas namane gurune Abu Mansur iku.Poro Muslimin podo matur : keperiye siro biso nemua’ake budak umure 80 taun sarono isih tetep kebuda’ane? Abu Mansur bali matur marang gurune lan ngaturake gunemane poro muslimin.Barang guru iku ngerungu ature Abu Mansur,nuli ndeleh sirah e ono ing lemah matur marang Pengerane : duh Pengeran kulo ! mahluk Panjenengan puniko menawi budakipun sampun umur 80 taun,mboten tego menawi budakipun tetep dados budak nanging musti dipun merdeka’ake.Kulo niki sampun umur 80 taun,kados pundi mboten Panjenengan merdeka’ake (bebasake) saking neroko ? sedang Panjenengan puniko Pengeran ingkang lumo,moho agung,moho paring pengapunten,moho dipun elem-elem deneng sedoyo mahluk.Akhire Allah merdeka’ake gurune syeh Abu Mansur iku sebab baguse olehe matur marang Allah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar