Senin, 27 Januari 2014

Hadist Kang Kaping Papat

            Diriwayatake saking Ibrahim Bin Alkomah Anabdillah Bin Mas’ud RadiAllahu Anhum Panjenengane dawuh : “Rasulullulah SAW dawuh” : “sopo-sopo wong kang ngudi ngaweruhi sak bab saking ilmu,kang biso di manfa’atake kanggo akhirote lan duniane,Allah paring wong iku opo kang luwih bagus kanggo wong iku katimbang poso lan njungkung sholat bengi pitung ewu taun kang dikabulake ora di tolak”.
          Diriwayatake saking Ibrahim Bin Alkomah Anabdillah Panjenengane dawuh : “Rasulullah SAW dawuh : “Moco Al-Qur’an iku amale wong kang wus di cukupi rizkine,sholat iku amale wong kang apes,poso iku amale wong kang fakir,tasbih iku amale wong kang wadon,shodakoh iku amale wong-wong kang lumo,tafakur iku amale wong kang apes-apes,opo siro kabeh ora kepingin tak tuduhake wong kang kendel-kendel” ? ono kang matur : “punopo amalipun tiang ingkang kendel puniko ? Rasulullah SAW dawuh : “yo iku luru ilmu,keron ilmu iku nur e wong mu’min ing dunyo lan akhirat”.
                Nabi Muhammad SAW  dawuh : “ingsun iku negorone ilmu,Ali iku lawange negoro”.Naliko wong-wong khawarij ngerungu dawuhe Nabi kang mengkene iku,nuli podo hasud marang Sayidina Ali,lan 10 saking pembesar-pembesar e podo kumpul nuli arep podo takon : kito arep takon siji masalah lan kito ningali keperie yen Ali biso njawabi masalahe siji-sijine kito.Kito ngerti yen Ali iku wong alim koyo opo kang di dawuhake deneng Nabi Muhammad SAW.
                Nuli salah sijine teko takon : “hai Ali : ilmu iku luwih utomo opo arto kang luwih utomo? Ali njawab : “Ilmu iku luwih utomo katimbang arto,khawarij takon : “opo dalile? Ali dawuh : “ilmu iku warisane poro Nabi,arto iku warisane Khorun lan Shadad,Fir’un lan kafir-kafir liyane”.Nuli khawarij bali ngowo jawaban iku.
                Nuli kang siji teko takon koyo pitakone khawarij kang awal: Ali jawab : “ilmu iku luwih utomo katimbang arto.Khawarij takon : opo dalil e? Ali jawab : “ilmu iku njogo siro,yen arto iku siro jogo arto iku”.Khawarij bali ngowo jawaban iku.
                Nuli kang siji teko takon koyo pitakone khawarij kang awal,Ali jawab : “ilmu iku luwih utomo katimbang arto,khawarij takon opo dalile ? Ali jawab : “Wong kang nduweni arto iku nduweni musuh kang akeh,yen wong kang nduweni ilmu iku nduweni konco akeh”.Nuli bali ngowo jawaban iku.
                Nuli khawarij liyane teko lan takon,Ali jawab : “ilmu iku luwih utomo katimbang arto”,khawarij takon opo dalile?Ali dawuh : “yen siro ngeto’ake arto,arto iku mesti sudo,yen siro mewehake ilmu,ilmu siro soyo mundak”.Nuli bali ngowo jawaban iku.
                Nuli khawarij liyone teko takon koyo pitakone khawarij sedurunge,Ali jawab : “ilmu iku luwih utomo katimbang arto”.khawarij : opo dalile? Ali dawuh : “wong kang nduweni arto iku sering disebut bakhil utowo wong kang la’im  (wong kang bengis atine),yen wong kang nduweni ilmu iku disebut kanti sebutan kang mulyo lan agung lan terhormat”.Khawarij bali ngowo jawaban iku.
                Nuli khawarijliyone teko lan takon koyo pitakone khawarij sedurunge, Ali jawab : “ilmu iku luwih utomo katimbang arto”.khawarij : opo dalile? Ali jawab : “Arto iku dijokgo saking maling,yen ilmu ora dijogo saking maling”.Nuli mole ngowo jawaban iku.
                Nuli khawarij liyane teko lan takon koyo pitakone khawarij-khawarij sedurunge, Ali jawab : “Wong kang nduweni arto iku dihisab besok ono ing dino kiamat,yen wong kang nduweni ilmu  bakal aweh syafa’at besok ono ing kiamat”.Nuli khawarij bali mole ngowo jawaban iku.
                Nuli khawarij liyane teko lan takon koyo pitakone khawarij-khawarij sedurunge, Ali jawab : “ilmu iku utomo katimbang arto,kerono arto iku biso rusak yen wus suwi,ilmu ora biso rusak sebab suwine mongso”.Nuli bali ngowo jawaban iku.
                Khawarij sijine teko lan takon koyo pitakone khawarij sedurunge, Ali jawab : “ilmu luwih utomo katimbang arto,kerono arto iku biso ndadiake atose ati,yen ilmu iku madangake ati”.Nuli bali ngowo jawaban iku.
                Khawarij sijine teko lan takon ,Ali jawab : “ilmu iku luwih utomo katimbang arto,kerono wong kang nduweni arto iku ngaku-ngaku pengeran sebab artone,yen wong kang nduweni ilmu iku ngaku-ngaku dadi kawulone Allah”.

                Iku wong-wong khawarij upamane takon marang ingsun ono ing masalah iki,Ingsun musti aweh jawaban lioselagine Ingsun ora urip.Nuli wong-wong khawarij podo teko lan tunduk kabeh marang Sayidina Ali KaromAllahu wajha.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar